Iklan

Khutbah Jumat: Ngupoyo Sabar Ngadepi Musibah

4/02/2020, 12:54 WIB Last Updated 2020-04-02T05:54:53Z
(foto diambil dari nu.or.id)


Jamaah Jum'ah ingkang dipun mulyaaken Allah swt. 
Monggo wonten kesempatan puniko kito sareng nggulo wentah raos Taqwo kito dumateng Allah swt. Kanthi ngestoake dawuhipun ugi nilar awis-awisanipun Alloh swt.
Jamaah Jum'ah Rahimakumulloh ... 
Mangertoso bilih termasuk sunatulloh kagem kito kawulonipun Allah swt. gesang kito bade manggihi ujian, cobi, ugo musibah kados dawuhipun Allah swt. 
wonten ing surah Baqoroh ayat : 155
"Lan saktemene kito mesti bakal nguji siro kabeh kanthi sitike roso Wedi, luwe, kekurangan bondo, nyowo, lan wah-wahan. lan aweho kabar bebungah siro maring wong-wong kang podo sabar"
 Ayat puniko nedahaken bilih menungso kedah ngalami musibah kados ingkang dipun sebat, ananging gusti Alloh swt. ugi bade paring bebungah ingkang kados dipun sebat wonten dawuhipun. kagem tiang tiyang ingkang sami sabar, ingkang kerso ngucap kalimah Istirja', amergi dipun sebat wonten Tafsir Showi, bilih kalimah Istirja’ puniko termasuk من مقالة األمة هذه خصائص) Kali mah ingkang termasuk perkawis khusus kagem umatipun Nabi Muhammad SAW.) 
Ingkang saklajengipun nggadahi raos ridho kanthi hukumipun Allah swt. Ugi sabar, mboten nggersulo sambat-sambat amergi wonten dawuh : 
“Sabar mareng saben musibah ono tombone gejobo mati kanthi kufur”
Kanthi laku sabar puniko tiyang mukmin pikantuk kaleh ganjaran. Ganjaran sabar ugi ganjaran mboten nggersulo. 
Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh :
Saking shohabat shuhaib RA. Dawuh : Rosululloh SAW.
Dawuh : Nggumunake mareng kabeh urusane wong mukmin saktemene kabeh perkorone wong mukmin itu bagus, lan ora ono perkoro kwi gejobo tumeraping wong mukmin lamun metuki perkoro apik syukur, iku luweh bagus mungguhe deweke. Lan lamun metuki perkoro olo (musibah) deweke sabar, lan Munggehe iku luweh apik.
(HR. Muslim)
Puniko dawuh ingkang kedah kito cepengi, mugi-mugi, kito sedoyo keparingan sabar bongso puniko kelebihan saking bala’, wilujeng kanthi ridhonipun Gusti Allah swt. 



Ky. Abdul Azis Idris Pangkat, Alumni Pondok Pesantren Al Anwar Sarang, Rembang dan Wakil Katib Syuriah PCNU Kabupaten Magelang
Komentar

Terkini